|
TEMBANG/ LAGU-LAGU MASYARAKAT JAWA
PUTERI SALA
Penyanyi
:Waljinah
Putri Sala…
Dasare keparanyata……Pancen Pinter
Alelewa….Dasar PutriSala……
Nganggo Selendang Pelangi…..Sumampir ana
pundake…
Cunduke kembangmelati….Dadi lan
pantese…….
Mung lakune kaya macan luwe……..
Sandal jepit pengangite……Kiyet kiyet
suwarane…..
kelapkeliplah suwenge…Dasar putri
sala………….
Putri Sala…….
Yen ngguyu dekik pipine ..ireng manis
kulite…….
Dasar Putri sala….
WALANG KEKEK
|
Penyanyi :Waljinah
Caut jadi man ..paman…..Wong bedang
kepalang….
Kali putung wote…..
Putong wote…putung wote he..he….
Tak sungguh ,pucung atine..dari mana……
Walang kekek menclok neng tenggok…
Kabur maneh menclok neng pari….
Yen seneng ojo mung mandeng…Golekono
ngendi omahe……
Walang kekek walange kayu…..Walang kayu
tibo neng lemah…
Yen kowe seneng karo aku…
Yen mung trimo..tak kon tunggu omah….
Walang kekek….walange kadung…
Walang kekek sampun rampung
|
|
Ojo ngenyek yo..mas,karo wong wedok…..
Yen ditinggal lungo….setengah mati….
e..yaeyo…. yaeyo……… ,e yaeyo……….
yae……yaeyo eyaeyo…
Manuk sriti kecemplung banyu…Bengi
ngimpi,awane ketemu……
Walang kekek menclok neng koro..Walang
ijo walange putih……..
Bujang maneh..ora kluyuran…..Wong sing
duwe bojo..ora tau mulih.
Biso nggambang ora biso nyuling…Biso
nyawang ora biso nyanding
Walang kekek mabur mbrengengeng..Walang
ireng dowo sotange…
|
|
NDE ANDE
LUMUT
Putraku si ande ande lumut….
Tumuruna ana putri kang unggah
unggahi…..
Putriku kang ayu rupane………
Kleting kuning kang dadi asamane……
Bu…si Bu… kulo mboten purun…..
Puti niku sisane si yuyu kangkang…
|
|
YEN ING TAWANG ANA
LINTANG
Yen ing tawang ono lintang cah ayu….aku
ngenteni tekamu
Marang mego ing angkoso,nimas…
Sun takokne pawartamu
Janji janji aku iling,cah ayu…
Sumedot rasaning ati
Linang lintang ngiwi iwi,nimas..
Tresnaku sundul ing ati
Dek sakmono janjimu disekseni
Mego kartiko kairing
Raso tresno asih
Rungokno tangising ati
Ginarung swaraning ratri,nimas..
Ngenteni mbulan ndadari
|
CUBLAK CUBLAK SUWENG
Cublak cublak suweng…..suwenge ting gelenter……..
Mambu kutundung gudel…pak hempong, lera.. lere…
Sopo ngguyu ndelekake…………
Sir …sir…. pong ,dele gosong………..
SLUKU SLUKU BATOK
Sluku sluku batok batoke ela.. elo…
Siromo menyang solo
Oleh olehe payung muta
Mak jentit, lolobah,wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah,
Yen urip golek duwit
YO.. ! DOLANAN DAKON
Yo ..dolanan dakon….
Watu item…
Cacahe pitu……..
Neng alun alun….
Karo sarijem…….
|
BANG BANG TOT
Bang bang tot,cendelo ewo ewo …
Sopo wani ngentut,ditumbak rajabrono……
Nyangkali ngiseni kendi,
Jeruk purut adah entut….!
|
GUNDUL PACUL
Gundul gundul pacul cul..gembelengan..
Nyunggi nyunggi wakul..kul… gembelengan
Watu ngglimpang segane dadi sak
latar………
|
ABRIT AKING
Britaking….brit.aking,kandang Jeruk kan emas,
Sokobomo sokaboma…bomane rade janoko…
Jenta jentit jonoloka…………
|
GAMBANG SULING
Gambang suling kepenak unine…
Tulat tulit..kumandang swarane ..
u…unine mung..nrenyuhake..
Bareng lan kencrung…
Ketipung suling…
Sigrak kendandangane…..
NDOK IYEK
Ndok iyek …ndok….
Mbokmu lunga mbatik….
Di dicegat londo burik……
Jer jer mencokko pager
|
KODOK NGOREK
Kodok ngorek… kodok ngorek…..
Ngorek neng blumbangan…..
Teot…teblung ,teot…. teblung..
Teot teot …teblung…………
|
PADANG MBULAN
Yo..prokonco dolanan ono njobo..
Padang mbulan padange koyo rino…
Rembulane…
Sing ngawe ..awe..
Ngelekake…ojo podo turu sore….
|
KIDANG
Kidang…talun…
Mangan kacang talun.
Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lembayung
|
1.
Maskumambang
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung
kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa
wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
2. Mijil
ateges wis
lair lan jelas priya utawa wanita.
3. Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa
mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
4. Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone
remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
5. Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok
baline ) kang kabeh mau wis
dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh
saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk
njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa
tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh
biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip
cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong
atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis
rumangsa kacukupan uripe,
banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi
nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh
marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange
agama lan watak sosiale manungsa.
9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.
10.Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi
wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11.Pocung / Pucung
Yen wis
dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong
sak durunge dikubur.
|